Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang kula kurmati, Saha Bapa Purwadi ingkang minulya.
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Hariyadi, ingkang sepisan Bapa Hariyadi ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapa Purwadi, kanthi pepuji mugi-mugi Bapa Purwadi tansah pikantuk barokah saha rohmating Pangeran lan rahayu ingkang sarwa pinanggih.
Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah masrahaken calon penganten kakung ingkang kaparing asma Raden Mas Haris Van Kippfly ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Rara Ayu Nana Rusady putri saking Bapa Purwadi. Kajawi punika Bapa Sunaib ugi ngaturi tandha tresna arupi sandhangan penganten putri sapangadeg.
Salajengipun mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna. Mugi-mugi lampahing ijab penganten kekalih tansah manggihi wilujeng, nir baya nir ing sambekala. Mekaten atur kula tamtu kathah galap gangsulipun anggen kula matur, awit saking punika kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb. Nuwun.